Deso Sidomulyo, Kecamatan Ngadirojo, Kabupaten Pacitan, Jawa Timur
Kawitan udokoro tahun 1780 zamane Sultan Amangkurat I ing Ngayogjokarto, anane pawongan telu, sing siji aran Ki Rono Ireng, sing siji diarani Ki Sononjiwo, sing siji maneh di arani Ki Sonondoko, kang metu soko wewengkon ing tlatah Watu Ireng Imogiri Ngayogjokarto lumaku mangetan anut gisiking segoro nganti tumeko papan sing dhuwur manglung segoro. Papan iku mau sinebut BULU PAYUNG. Ndeleng wewengkon sing ijo royo – royo gunung bebanjaran wekasan kandeg lakune lan babat alas ing papan kono ngener medun lakune mbabat alas ing sak pinggiring kali kanthi niat nggawe papan panguripan. Mulo papan kono, dijenengake Kahuripan (Koripan). Nanging jroning babat okeh sengkolo lan rubedo sing abot tumprap wong tetelune. Kanthi rogo sing lungkrah, penggalih sing ruwet wekasan papan kono ditinggalake, bali mlaku mengulon nanging ora bali marang Nggulu Payung karono ono papan sing luweh endhek arah lor kulon Gunung Lanang, sahinggo sidane babat ing papan kono sawetoro wektu enggo dadi papan pesanggrahan kang wekasane papan kono dijenengake Ngalian.
Dino tambah dino, sasi tambah sasi okeh poro pawongan kang melu babat ing papan kono, enggo papan kono dadi papan panggonan sing bawero lan sangoyo suwe soyo ngemboko. Sawuse okeh poro pawongan sing bodro ing papan kono lan ngakoni menowo Ki Rono Ireng dadi tetuane, mulo naliko semono Ki Rono Ireng ngajak marang kabeh pendhereke nurut ilining banyu kang mili mangetan, nuli Ki Rono Ireng dhawuh marang Ki Sono Njiwo supoyo tetep manggon ing papan kono (Ngalian) minongko ngopeni panggonan kang wis dibabat mau.
Ki Rono Ireng lan kabeh pendhereke kang nerusake babat mangetan lumaku lancar soyo mangetan mandheg kerono ono ilineng banyu mangidul kang gedhe banget wujud kali gedhe kang jero kedhunge sing angel di sabrangi mulo anggone babat kandheg ing papan kono nggawe papan sawah kanggo tetanen enggo dadi papan kanggo tetanen sing apik.
Naliko babat kanggo papan tetanen ono pendhereke Ki Rono Ireng sing aran Sonondoko sing tansah gawe kesruh, mulo Ki Rono Ireng ngelokne marang Ki Sonondoko “ Siro Iku kok nggleleng banget” mergo ngendikane Ki Rono Ireng wekasane papan kono diarani Mbleleng. Akhire Ki Sonondoko lan sak perangan pendhereke Ki Rono Ireng bodro ing papan kono tumeko sedane ugo dikubur ing papan kono. Dene Ki Rono Ireng nerusake babat mangidul manut ilineng banyu kali gedhe soyo mangidul tumeko papan babat naliko tlatah sekawit kang sinebut Kahuripan, wekasane Ki Rono Ireng mapan ing Kahuripan lah mbawahi wewengkon wiwit Ngalian tumeko Mbleleng.
Tambah taun okeh wong kang podho nusul, mulo soyo jembar wewengkone mengidul nganti tumekan gisiking segoro. Subure wewengkon babate Ki Rono Ireng nganti dirungu nganti Tlatah Watu Ireng. Sing ndadekake pawongan soko tlatah Watu Ireng naliko semono sumusul marang papan panggenan babate Ki Rono Ireng sing wekasane dadi wewengkon sing rejo.
Tumekane adhine Ki Rono Ireng putri soko tlatah Watu Ireng Imogiri nyusul menyang Kahuripan ndadekake penggalihe Ki Rono Ireng rodo sumpek awit papan panggonan kang kurang jembar. Mulane wekasane Ki Rono Ireng dhawuh marang putrane nerusake babat ngarah mangetan kanthi nyabrang kali gedhe, didherekake marang sebagian poro pendhereke. Naliko semono sak wuse mentas soko kali nemoni papan rowo cethek sing jembar sinaryo nandur pari. Wekasane Ki Rono Ireng ngendiko “ Papan iki keno kanggo magutan. Magutan pangan pendherekku kabeh.” Mulo enggo saiki papan kono mau diarani Pagutan. Satengahe papan rowo, ono papan sing rodok dhuwur tur roto, enggo Ki Rono Ireng karo putrane nggawe pakuwon maneh nganti papan kono diarani Penggung. Malah – malah katon enek wit ringin gedhe, bareng diparani deneng Ki Rono Ireng papan ono petilasane nanging ora jelas petilasane sopo, enggo deneng Ki Rono Ireng marang kabeh wargane dhawuh menowo petilasan kono mau petilasane Mbah Raden enggo saiki papan iku dadi pundhene wong sak deso.
Soyo tuwo Ki Rono Ireng, lan koyo – koyo putrane wes biso dipercoyo nerusne babat ing wewengkon kono lan putrane Ki Rono Ireng kang mbarep wekasane didadekake demang ing tlatah Penggung mbawahi wewengkon babatan kabeh. Dene Kahuripan (Koripan) deneng Ki Rono Ireng dipasrahake marang adhine putri kang nerusake manggon ing tlatah Kahuripan. Dene Ki Rono Ireng bali marang papan pisanan anggone babat (Nggulu Payung) lan wekasane sedo mukso kakung putri ing papan kono enggo saiki papan kono mau dadi pepundhene wong Sidomulyo.
Putrane mbarep kang wus di sengkakake dadi demang mau nerusake babat arah mengalor, babat alas ribebondhotan munggah gunung medun ledokan kang wekasane nemu papan kang wus ono wong kang bodro ing papan kono mau kang di pandhegani deneng pawongan kang aran Mbah Brontok kang wekasane podho jejagongan lan mutusake mlaku bareng podho gawe tetanen. Awit papan panggonane Mbah Brontok mau anane ledokan lan gunung mulo papan mau dijenengake Ledok nanging jeneng Brontok isih ono nganti saiki. Mbah Brontok sak pendhereke manggon ing papan kono nganti tumeko sak sedane.
Soyo suwe soyo rame kanggo sesambungan kekadhangan wus didadekake dalan antarane wewengkon babate Ki Rono Ireng karo wewengkon babate Mbah Brontok wes dadi nyawiji sesambungan seduluran malah – malah wes akeh pendhereke Ki Rono Ireng karo pendhereke Mbah Brontok sing sambut silaning akrami.
Terusing laku Mbah Demang anggone nggawe papan tetanduran mangidul sakwetane kali gedhe nganti mentok kikising watu, nritip –nritip menek kentheng, bareng wes teko nduwur senadyan kepalang wit – witan gedhe katon ing sisih wetan segoro sing urut karo anggone lungguh nanging bareng ditamat – tamatake, jebul ing sisih wetan ono dharatan sing jembar mangidul sing koyo – koyo dharatan mau nganti mbelah segor, soko tembung segoro lan lemah suweneng suwe papan kono diarani Nggorolemah, tur to wus ono pawongan sing manggon ing papan kono, manut carito wong kang manggon ing kono mau, wong kan lumayu naliko jaman Mojopahit, dicedaki lan dijak jejagongan wekasane podho – podho bareng nerusake babat ing papan kono kanthi nyawiji antarane pendhereke Ki Rono Ireng, pendhereke Mbah Brontok lan wong Nggorolemah. Saiyek saekokapti ndadekake wewengkon subur, makmur lan soyo tambah pawongan kang teko njembarake babat ing papan kono. Malah – malah wong Nggorolemah wes nduweni budhoyo sing dianut wiwit wong kang sepisanan babat ing papan kono. Nuju sawijineng dino pirang – pirang pawongan podho ngadhep Mbah Demang, podho nglaporake kedadian sing dumadi ing panggonane dhewe – dhewe, kang intine ono pagebluk sing tumikul ing wewengkon ing tanah babakan kono, bareng wes podho sarembuk lan ngumpul, Mbah Demang paring dhawuh “Tindakno baritan lan leluwaran utowo ruwatan ing besok tanggal siji Suro !”. Baritan tegese mbeleh wedhus kendhit milih dalan prapatan, ndase dipendhem eneng kono, daginge dinggo slametan, lulange didumake marang kabeh wargane supoyo digandhulake ing sak ngarepe lawang omahe dhewe – dhewe. Tegese baritan nolak sengkolo sing bakal tumikul marang sing manggon ing omah kuwi. Gandhengane baritan diterusake ruwatan kanthi syarat – syarat tinamtu koyoto: 1. Godhong Andhong; 2. Godong Puring; 3. Banyu Pitung Sumber; ing wewengkon kono ing antarane (sumber soko Nggorolemah, Nggulupayung, Mbanyuripan, Kali gedhe, Kali cilik, Surupan, Telogo Kinanthing). Dene banyu pitung sumber mau didadekake siji minongko sarono bersih deso/ruwatan sing ditindaake sesepuhe papan babat ing kono.
Ujube soko tembung BARITAN lan RUWATAN mau nulak sengkolo lan nresnani bumi sing biso gawe ayem tentrem kabeh wargo kang manggon ono ing tlatah kono, kang wekasane dadi adat kabeh wong ing papan kono runtumurun nganti tekan saiki.
Dene adat sing di tindaake mbah demang lan kebeh wargane, saben selapan dino ono rongdino sing ugo digunaake nyenyuwun marang ngarsane gusti mureh tentrem kabeh wargane, dino loro mau yoiku, 1. Dino malem REBO PAHING khanthi laku melean lan ngubengi wewengkon padesan. 2. Dino malem JUM’AT KLIWON kanthi ngeneake slametan katindaake sakwuse jam 12 bengi khanti rerakitan kang tinamtu.
Soyo ketoro lan soyo kuncoro papan babat ing tlatah pinggiring segoro kidul mau, ndadeake okeh pawongan kang teko songko daerah liyo ing antarane ono suwijining wong kang aran SURONITI, wong iku mau kagolong wong kang sekti amargo nduweni piandel kang wujud sandangan, kang miturut critane sandangan mau salah sawijining agemane PRABU BROWIJOYO kang senubut KONTANG ONTOKUSUMO.
Ono maneh sawijineng pawongan kang aran SURONTANI, pawongan iki minongko wong kang gawe papan sawah ing tlatah sisih kidul kulon, kang enggo saiki papan sawah mau isih ono lan di garap dening poro anak turune ki Surontani. Ugo isih okeh poro pawongan/tokoh liyani sing ugo kuncoro kang durung cinarito ing kene.
Kang wekasane caritane naliko semono wes rumongso jembar babatane lan okeh wargane wekasane mbah demang ngayom ing kekuwasaane bumi perdikan ing nglorok.
Sepuhe mbah demang sahinggo mutusake menowo peprentahan diparengake marang putrane kang asmo MBAH PASIUN, wanci mbah demang kapundut/sedo sowan marang ngarsane gusti nuli mbah demang di makamake ing papan pemakaman kang sinebut Makam Tanjung.
Peprentahan lumaku lancar lan becik ora ono rubedo opo-opo labet Mbah Pasiun gegondelan marang sawijining tembung/falsafah KEPUH kang ateges “ SIKEPEN SING KUKUH “ tembung kang ringkes ananging ngemu suraos kang agung minongko cambuking semangat nresnani malang tlatah wewengkone.
Nganti sedane mbah pasiun peprentahan lumuntur marang putane kang asmo MBAH KARTO DIMEJO, podhowae koyo lakune peprentahan sakdurunge, ugo lumaku kanthi ayem tentrem ora ono rubedo suwiji opo.
Saksedane Mbah Karto Dimejo, peprentahan tumibo marang putrane kang asmo MBAH BIBIT SUMO PRAWIRO, yo ing jaman ikilah ngalami mongso jaman keemasane kanthi mbawahi kabeh wewengkon tinggalane Ki Rono Ireng, wewengkon tinggalane mbah Brontok lan wewengkon tinggalane pengikute wong mojopahit sing ono Nggorolemah nyawiji dadi siji minongko sawijining deso kanthi aran DESO SIDOMULYO, kanthi dum duman wilayahe sinebut PADUKUHAN (kang dipimpin dening KAMITUWO) lan JOGO BAYAN (kang dipimpin dening JOGO BOYO, yoiku padukuhne ono 9 padukuhan lan Joko Bayane ono 4 Njogobayan :
1. Dukuh KRAJAN (kang biyen aran PENGGUNG)
2. Dukuh SOGE (kang mbiyen aran PONGGOK)
3. Dukuh PAGUTAN (kang biyen aran MAGUTAN)
4. Dukuh TEMPURSARI (mbiyen aran MBLELENG)
5. Dukuh TAMANSARI (kang mbiyen aran NGALIAN)
6. Dukuh LEDOK KULON (kang mbiyen aran MBRONTOK)
7. Dukuh LEDOK ETAN (kang mbiyen aran NGLEDOK)
8. Dukuh TAWANG KULON (kang mbiyen aran NGGOROLEMAH)
9. Dukuh TAWANG WETAN (kang mbiyen aran NGGOROLEMAH)
JOGO BOYO I mbawahi rong Padukuwan (Dukuh KRAJAN lan Dukuh SOGE), JOGO BOYO 2 mbawahi telung Padukuwan (Dukuh PAGUTAN. Dukuh TEMPURSARI lan Dukuh TAMANSARI) JOGO BOYO 3 mbawahi (Dukuh LEDOK KULON lan Dukuh LEDOK WETAN) JOGO BOYO 4 mbawahi (Dukuh TAWANG KULON lan Dukuh TAWANG WETAN).
Sejarah iki cinarito run tumurun wiwit jaman mbiyen nganti tumeko saiki, dene papan panggonan kedadiane isih pepak lan minongko pepunden kang tansah di uri-uri dening masyarakat Deso Sidomulyo minongko bukti tresno mring tanah kelahirane lan minongko penghormatan marang jasa lan pengorbanane poro tokoh kang wus babat tlatah Deso Sidomulyo.
Sinerat Dening
Paguyuban Masyarakat Peduli Sidomulyo (PMPS) Mundi dawuh Saking Panjenenganipun Bapak BAMBANG SETYOKO Ing Dino SETU PON Tanggal : 17 September 2011/Tanggal 18 Syawal 1432 H. Wuku : Maktal, Mbarengi ndandani cungkup punden bulu payung.